Senin, 14 September 2009

Mula bukane


Mula bukane ana smp n 5 satu atap rembang yaiku, ing daerah kecamatan Rembang sisih kidul kulon akeh bocah tamatan SD sing ora bisa nglajokna sekolah, jalaran adoh sekang sekolahan SMP utawa MTs. Kahanan mau dadi prihatine para pejabat pendidikan lan uga para tokoh masyarakat ing Rembang umume lan desa Wanogara Kulon lan sekitare pada khususe, keprihatinan mau jumbuh karo program pemerintah sing santer anggone nduwe niat nuntasaken wajar dikdas 9 tahun. Nalika ana kabar menawa daerah terpencil, terpencar, uga terisolir bisa ngusulna dianakake SMP, para tokoh pendidikan cepet cepet gawe proposal kanggo nyuwun karo pihak pemerintah yaiku pemerintah Kabupaten Purbalingga, supaya ing SD N 1 Wanogara Kulon diadegna SMPN Satu Atap, panyuwunan mau ditanggapi serius lan tamenanan, mulane ora let sue diterbitna SK Persetujuan Bupati Purbalingga kanggo ngadegna SMPN Satu Atap ing Desa Wanogara Kulon. SMP mau dijenengi SMP Negeri 5 Satu Atap Rembang. Pembangunan Gedung SMPN 5 Satu Atap Rembang diwiwiti nalika tanggal 5 Agustus 2007, kanthi jumlah lokal 2 rung kelas, 1 ruang penunjang lain.Nalika tahun pelajaran 2007/2008 mulai nampani siswa anyar. TP 2007/2008 ngrumati murid akehe 49. Tenaga pengajare manfaatake sarjana sarjana sing ana ing sekitare Kecamatan Rembang  kanthi status Wiyata Bhakti.

2 komentar:

  1. Mula bukane diniati "bangeting butuh" SMP, siki "butuh banget" tambahan ruang. .............
    Turut samendhing ....!

    BalasHapus
  2. esih kemutan sekolahan kye, gemien melu nggolet penguripan neng kono (SD ne si), DAK 2009...
    tetap maju....
    KS e kelalen jenenge, umahe neng Makam...

    BalasHapus